English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

Senin, 13 Juni 2011

PAMBIWARA

PERANGAN PAMBIWARA

Sak mangke badhe kula aturaken ilmu ingkang sampun kula tampi ing ladhen pambiwara. Pambiwara mangke dipun perang mekaten:
1. Pakem pambiwara adicara paningset/lamaran
2. Tuladha hamicara pasrah badhe temanten kakung
3. Tuladha hamicara panampining badhe temanten kakung
4. Tuladha hamicara liru kalpika aji
5. Tuladha hamicara pambagya harja adicara paningset/lamaran
6. Pakem pambiwara adicara pahargyan
7. Tuladha panyandra
8. Tuladha hamicara pasrah temanten kakung
9. Tuladha hamicara panampining temanten kakung
10. Tuladha rerepen Dandang Gula
11. Tuladha hamicara pambagya harja adicara pahargyan
12. Pakem pambiwara adicara ngundhuh temanten
13. Tuladha hamicara pasrah temanten
14. Tuladha hamicara panampining temanten
15. Tuladha hamicara pambagya harja adicara ngundhuh temanten
16. Pakem pambiwara adicara supitan
17. Tuladha hamicara pambagya harja adicara supitan
18. Pakem pambiwara adicara duhkita
19. Tuladha hamicara pambagya harja adicara duhkita
Sedaya kala wau badhe kula aturaken ing blog punika setunggal mboko setunggal. Pramila panjengan kula aturi nengga.


PAKEM PAMBIWARA ADICARA PANINGSET

PAMBUKA
Kula nuwun,
Panjenenganipun para sepuh saha pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kasugengan, karahayon inggih awit sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Kuwaos mugi tansah hangrenggani dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sumrambah ing samudayanipun.
Hamurwani tumapaking karya sedyatama, inggih awit saking keparengipun Bapa _____ kekalih (ingkang hamengku karsa) ing wanci kalenggahan punika, kula pinangka pambiwara keparenga hambuka wenganing wicara, saperlu hangaturaken menggah urut reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika.
Hamung kewala, saderengipun pambiwara hangaturaken menggah urut reroncening adicara, jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa kita, ingkang tansah hanengenaken ing panembah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken tansah cumadhong ing kamirahanipun. Mugi-mugi wiwit purwa madya ngantos wusananing sedya, lumampah kanthi sepen ing rubeda.
Wondene minangka purwakaning sedya, inggih sowanipun badhe temanten putri kawijilaken saking sasana busana, manjing ing sasana dhampar pinajang. Saksampunipun satata lenggah, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung dalah abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama. Purna serah panampi kalajengaken serah panampining redana aji.
Saparipurna serah panampining redana aji, kalajengaken liru kalpika aji, inggih ngagemaken ali-ali dhumateng badhe temanten kekalih, nunten kalajengaken atur pambagya harja, nunten kalajengaken atur pamitan saking kadang besan sutrisna.
Wondene paripurnaning sedya hambok bilih badhe temanten sarimbit sampun kabedhol saha kajengkaraken saking sasana dhampar pinajang, tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran rama saha ibu, sinartan panutuping atur saking pambiwara.
Mekaten para lenggah kakung saha putri, menggah urut reroncening adicara paningset ing wanci kalenggahan punika. Pramila awit saking punika, purwa madya ngantos wusana, mugi para lenggah kakung saha putri, wontena suka lilaning penggalih tansaha paring puji astuti ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, matur nuwun.

LAMPAHING ADICARA
TULADHA BADHE TEMANTEN MIJIL

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kados-kados badhe temanten putri hanggenya hanglulur sarira, miwah hangadi busana sampun paripurna. Estining driya badhe mijil saking sasana busana arsa manjing ing sasana dhampar rinengga.
Wondene ingkang kepareng hangembani nun inggih panjenenganipun ibu ____ saha ibu ____. Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, mijilipun badhe temanten putri mugi kapyarsakna ungeling Ketawang Puspa Warna. Sumangga nun, nuwun.

TULADHA SERAH PANAMIPING BADHE TEMANTEN KAKUNG

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes sinu darsana. Saksampunipun badhe temanten putri wus satata lenggah ing sasana dhampar pinajang, tumunten katindakaken adicara serah panampining badhe temanten kakung saha abon-abon uba rampe minangka jejangkeping apalakrama.
Wondene ingkang kepareng hamasrahaken, panjenenganipun Bapa ____, wondene ingkang kepareng hanampi, panjenenganipun Bapa ____. Jumenengipun Bapa ____ (ingkang hanampi) kasumbul sakwingkingipun Bapa ____ sekaliyan (ingkang hamengku karsa).
Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.

TULADHA SAKSAMPUNIPUN PASRAH
BADHE TEMANTEN KAKUNG

Para tamu sinedhahan kakung putri, mekaten kala wau atur pangandika pasrah saking panjenenganipun Bapa ____ sampun paripurna. Ingkang saklajengipun badhe katampi panjenenganipun Bapa ____, minangka sulih salira saking ingkang hamengku karsa. Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Bapa ____ wekdal sakwetahipun kasumanggakaken. Nuwun.

TULADHA PASRAH BADHE TEMANTEN KAKUNG
SAMPUN PARIPURNA

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Menggah mekaten kala wau atur serah panampining badhe temanten kakung sampun paripurna.
Ingkang saklajengipun keparenga para tamu kakung saha putri hanglajengaken lelenggahan ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, matur nuwun.

TULADHA LIRU KALPIKA AJI

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara candhakipun, nun inggih liru kalpika aji. Wondene ingang kepareng hamratitisaken adicara liru kalpika aji, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ____.
Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa/Ibu ____. Sumangga nun, nuwun.


TULADHA PANUTUPING LIRU KALPIKA AJI

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu pantes ingurmatan. Menggah mekaten kala wau lampahing adicara liru kalpika aji sampun paripurna. Ingkang saklajengipun keparenga para lenggah kakung putri hanglajengaken lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi hanyrantos tumapaking adicara candhakipun. Nuwun.

TULADHA ATUR PAMBAGYA HARJA

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Ing wanci kalenggahan punika, ingkang hamengku karsa badhe hangaturaken lekas wekasing sedya wigatosing perlu, wonten ngarsanipun para tamu kakung saha putri.
Karana mongkoging penggalih, inggih awit karawuhan panjenengan sedaya, pramila hamiji tetuangga ingkang pinilih, tanulyan mboten wonten malih kajawi panjenenganipun Bapa ____.
Wondene jumenengipun Bapa ____, kasumbul sakwingkingipun nun inggih panjenenganipun Bapa ____ saha Bapa ____.
Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa ____. Sumangga nun, nuwun.

PAMITAN
(adicara punika saged mboten dipun adani)
Para tamu sinedhahan kakung saha putri ingkang satuhu pantes sinu darsana. Keparenga pambiwara hanglajengaken adicara saklajengipun, nun inggih adicara pamitan. Wondene adicara pamitan badhe kasarira dhumateng panjenenganipun Bapa ____.
Kados-kados samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sakwetahipun kasumanggakaken dhumateng Bapa ____. Sumangga nun, nuwun.


PANUTUP

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu luhuring budi. Purwa madya ngantos wusana adicara paningset ing wanci kalenggahan punika sampun ndungkap paripurna.
Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Ibu ____ saha Ibu ____ keparenga hambedhol badhe temanten sarimbit saking sasana dhampar pinajang tumuju wiwaraning pahargyan jinajaran rama saha ibu, saperlu tangkep asta ndherekaken kunduripun para tamu.
Hambok bilih samudayanipun sampun satata ing gati, wekdal sawetahipun kasumanggakaken para-para ingkang piniji. Sumangga nun, nuwun.

TUTUPAN PAMBIWARA
(dipun adani nalika temanten sampun dumugi madyaning lampah)
Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Kula pinangka pambiwara, wiwit purwa madya ngantos wusana hambok bilih anggen kula mranata basa kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama ingkang agung. Ing wasana, mangga sesarengan asesanti: Jaya-jaya wijayanti, rahayu ingkang sarwi pinanggih. Nuwun, matur nuwun. Kunduripun ndherekaken wilujeng.











TULADHA MASRAHAKEN SAHA NAMPI PASRAH PENGANTEN

Sasampunipun tataran asok paningset, ngancik tataran candhakipun dahuping penganten.Tatacara-tatacara ingkang katindakaken saderengipun dahuping penganten, antiwisipun : Pasang tarub lan tuwuhan Siraman Midodareni Ijab Qabul Lan taksih kathah sanes-sanesipun Kala rumiyin wekdal antawis asok paningset dumugi wancinipun dhaup radi sawitawis dangu, inggih punika antawis 6 wulan dumugining satahun. Ananging jaman sapunika ijabing penganten katindakaken wonten ing malem midodareni sasampunipun tatacara pasrah paningset. Malah wonten ingkang katindakaken ngajengaken panggih. Dados jaman sapunika masa pepasangan sampun boten wonten. Masa pepasangan punika antawis asok paningset ingkang lajeng kasusul liru kalpika ngantos dumugining titimangsanipun dhaup. Saderengipun ijab, kalpika dipun angge ing jari manis asto kiwo, dene samangsanipun ijab, kalpika kalawau kapindhah ing jari manis asta tengen. Kanthi makaten saget kangge titikan/tandha, manawi kalpika dipun ange ing jari manis kiwa, punika tandhanipun maksih masa pepasangan, dene manawi sampun kaagem ing jari manis kanan, tandhanipun manawi sampun kawiwaha/dhup.
Manawi sampun dumugi titi mangsa panggih, penganten jaler kalarabaken dhateng sasana pawiwahan. Ing ngriki wonten priyantun ingkang tinanggenah masrahaken. Lampahipun Sasampunipun dumugi sangajenging wiwara pandhapi, kandhep sawatawis saprelu katindakaken tatacara “Pasrah panampining panganten kakung” wonten ing wacana pasrah utawi nampi mekaten, prayoginipun boten kekathahen/kepanjangen mindhak njuwarehi. Langkung sae manawi prasaja, ringkes, nanging sampun saget nyakup ingkang dados maksudipun. Wonten ing mriki prayogi ngasto catethan bab nama-nama lss. Ingkang dipun prelokaken supados saget nggancaraken tumindak. Ing ngandhap punika sawatawis tuladha-tuladha tanggap wacana ing pasamuwan, awujud pola utawi cengkorongipun, dene mencaring wacana saget dipun angget piambak.



TULADHA MASRAHAKEN PENGANTEN KAKUNG

Pambuka basa ( adaniyah )
Jaman sapunika limrahipun ngginakaken tembung “salam” utawi tembung sanesipun ingkang dipun kulinani, umpanipun, salam kawilujengan katur Bp....................., utawi “salam taklim” utawi “assalamu’alaikum wr.wb”, lss.
Sasampunipun salam manawi pasrah, ingkang langkung rumiyin dipun sebat asma priyantun ingkang badhe nampi, punika prelu sanget lan sampun ngantos kelepyan, mingka jangkeping unggah-ungguh/tata krama, kalajengaken nyebat ingkang dados tugas ayahanipun, tuladhanipun mekaten : “katur dumateng Bp................................ Ingkang kinormatan. Lajeng nyebat ingkang dados ayahanipun, tuladhanipun......... ingkang jumenenganipun minangka wakil/sesulihipun Bp./Ibu...................................
Nyebat dirinipun piambak (sanes nama), kalajengaken ingkang dados ayahanipun, tuladhanipun makaten : “kula ing ngriki mundhi dhawuh/ngemban jejibahan/dipun utus Bp./Ibu............................(tembung-tembung kala wauh dipun angge manawi ingkang ngutus yuswanipun langkung sepuh) dene manawi ingkang dipun wakili langkung nem, ngginakaken tembung.........................hamakili/tinanggenah dados wakilipun/sinaraya........................, lajeng nyebat ayahanipun tuladhanipun............... Kinen sowan lan matur wonten ngarasa panjenengan. Munjukaken raos suko syukur dhumateng pangeran, tuladhanipun : Saderengipun kula ngaturaken wigatosing sowan kula, prelu kula munjukaken puji syukur/raos suko syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, dene hawit saking sih berkahipun/sih rahmatipun/sih kamirahanipun, kula panjenengan saget sami pinanggih kanthi wilujeng ..................................(saget katambahaken........................ winantu ing suka rena).
Ngatureken wigatining prelu saderengipun ngaturaken ingkang dados prelunipun, langkung rumiyin ngaturaken salam saking ingkang ngutus, tuladhanipun :
Langkung rumuyin kula kinen ngaturaken salam taklim/puji pandonga wilujeng saking Bapa / Ibu...........................................mugi katur Bapa / Ibu...................... dene ingkang dados telenging sedya/wigatining sowan kula kinen/saprelu nglarapaken/masrahaken ingkang putra pengnten kakung pun Bagus.......................... atmajakakungipun Bp./Ibu.................................(katamabahaken alamtipun................ ingkang pidalem ing..................................). Ingkang ing dinten punika badhe kadaupaken kaliyan anak Rr......................... Putra pawestrinipun Bp..............................sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika kula pasrahaken dhumateng panjenengan, borong kasembadaning sedya. Kula namung nderek meuji tansah manggiya wilujeng.

Panutup
Wasana cekap semanten atur kula, menawi sowan kula wonten kirang jangkeping trapsila, semanten ugi atur kula mboten mranani ing panggalih, keparenga ngluberaken sih samudraning pangapura, nuwun/maturnuwun. Wasalam.
Cathetan :
Nalika pasrah lan/nampi pasrah mboten preu nyebat utawi nyuwun idi palilah dhumateng tamu, jalaran wonten ing tatacara punika wekdal sawetahipun sampun kapasrahaken dhumateng laraga ingkang nampi jejibahan.

TULADHA WACANA PASRAH MANUT POLA/
CENGKORONGAN NGAJENG

Ingkang ngutus nama Bp./Ibu Sardjono Ingkang nampi nama Bp. Sadono
Ingkang dipun wakili nama Bp./Ibu Sarjito Penganten kakung nama Bagus Sudibyo, ST Penganten putri nama Rr. Salindri, SE Wiwahan dinten / tanggal Minggu, 11 Desember 2005 Salam...................................................... Nuwun, Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena. Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.

TULADHA NAMPI PASRAH PENGANTEN

Pola/cengkorongan wacana nampi pasrah : Andangiyah / Salam Ingkang dipun kulinani mangangge pambuka basa punapa, sumangga kemawon
Nyebat asmanipun ingkang membekemawon pasrah. Nepangaken/nyebat dirinipun piambak, kalajengaken punapa ingkang dados jejibahanipun tulada : “kula ing ngriki tinanggenah hamakili (dados sulih saliranipu) Bp................................Sekaliyan kinen hananggapi saha nampi menggah rawuh panjenengan”. Atur pambagya Atur panampi : Panutup Tuladha wacana nampi pasrah manut pola ing nginggil :
Salam......................................
Nuwun /kula nuwun, katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan.
Kula ing mriki minongko sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng sugeng rawuh, saha munjukake puji syukur Alhamdulillah ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan inggal badhe kapanggehaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping penganten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring pangapura. Matur nuwun. Kalajengaken salaman antawis ingkang pasrah lan ingkang nampi.

Tuladha Atur Pambagyoharjo

ATUR PAMBAGYOHARJO WONTEN ING ACARA TASYAKURAN WALIMATUL URUSY NIKAHIPUN ADITYA ARY FITRIYANTO KALIYAN MARTANIA TRI UTAMI
(Saking: Pak Kamto)

Assalamualaikum Wr. Wb
Wonten pangarsanipun poro pepunden, poro sesepuh pinisepuh soho ajisepuh ingkang Hanggung Mastuti dumateng Pepoyaning Kautaman ingkang satuhu dahat kinabekten,
Panjenganipun poro Alim Ulomo, ingkang rinten ndalu tansah sumanding pustoko suci wahyuning Illahi minongko Panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budhi
Panjenenganipun kadang Besan dalah rombongan saking Pogung Lor ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Bapak Ustadz Herfiyanto, S.Ag. ingkang dahat kinurmatan
Panjenenganipun Bapak H. Untung Sudjati, minongko sesepuh Takmir Masjid Jami” Sagan ingkang dahat kinurmatan
Panjenenganipun Bapak2 Rois wonten Wilayah Sagan Purbonegaran , ingkang dahat kinurmatan
Panjenenganipun Bapak/Ibu Ketua Kelompok Pengajian/Majelis Taklim Wilayah Sagan Purbonegaran, ingkang dahat kinurmatan
Sangyaning Paro rawuh, Kakung sumawono putri Bapak-2/ Ibu-2 Jama’ah Pengaosan ing kukuban wilayah Sagan Purbonegaran ingkang dipun mulyakaken Alloh SWT keparengna ing mriki kula sumelo atur nigas wacono munggel pangandikan nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang katemben sekeco wawan pangandikan. matur wonten ngarsa panjenengan Minongko Sulih sariro Panjenenganipun Bapak Drs. H. Haryadi sekalian ingkang mboten saged matur pribadi kabekto raos bombonging penggalih awit nampi sih kadarman ingkang tanpo winates saking penjenengan poro rawuh.
Sakderengipun kawulo matur langkung rumiyin sumonggo kito sedoyo tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan ingkang awujud nikmat Iman Islam, nikmat kesehatan saho yuswo panjang SWT ,katitik kulo lan panjenengan saged rawuh ing papan mriki kanthi wilujeng nir ing sambekolo. Ingkang Sepindah Bpk Drs. H. Haryadi sekalian ngaturaken Sugeng rawuh soho ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit panjenengan sampun kerso mbucal wekdal ngentengaken saliro rawuh wonten papan mriki kanthi kebak ing kabagyan. Ugi mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun dumateng sedoyo kadang mitro sanak sedherek ingkang sampun paring pambiyantu awujud menopo kemawon. Sadoyo puniko Bpk Drs. Haryadi. sekalian mboten saged caos punopo2, sagedipun namung memuji dumateng ngarso dalem Alloh SWT mugi sadoyo kadarman panjenengan sami dados amal kautamen soho pikantuk lelintu ganjaran ingkang matikel tikel .amin
Ingkang kaping kalihipun, ngaturaken agunging panuwun dumateng, Bapak Ustadz Herfiyanto, S.Ag. ingkang sampun manunggal dumateng kito sadoyo sakmangke kasuwun paring Tauziah utawi pitutur luhur dumateng kito sami, utaminipun kangge Risang pinanganten Kanthi pangajab mugi2 saged nimbahi taqwa kita dumateng Alloh SWT.. Dene ingkang ongko tigo Bpk. Drs. H. Haryadi sekalian nyuwun pangapunten anggenipun caos papan soho palenggahan kirang ndadosken renaming penggalih inggih amargi kawontenan pramilo sepindah malih nyuwun lubering sih samodro pangaksami.

Para rawuh ingkang satuhu dahat kinurmatan,
Dene ingkang angka sekawan Atur uningo bilih wigatosing tasyakuran dalu puniko Bapak Drs. H. Haryadi sekalian Ngaturaken Syukur Alhamdulilah wonten ngarso dalem Alloh SWT amargi sampun kaleksanan anggenipun nikahaken putro nipun Aditya Ary Fitriyanto kaliyan Martania Tri Utami ingkang sampun kaleksanan Ijab Qobul Rikolo Dinten Kamis Pahing Suryo kaping 3 Februari 2011 wonten Masjid Tawaqal Plemburan Sariharjo Ngaglik Sleman...kanthi wilujeng nir ing sambekolo. Amin . Dene saklajengipun nyuwun tambahing berkah pangestu wilujeng, mugi-2 anak kulo ingkang nembe mbangun brayat enggal dados keluarga ingkang Sakinah Mawaadah Warochmah pikantuk Ridhonipun Alloh SWT. Saenggo murakapi dateng bebrayan agung. Amin. Ugi mboten kesupen Nyuwun tambahing dongo pangestu mugi2 anggenipun bade Awiwoho putro Mahargyo siwi mbenjang Ahad pon suryo 10 April 2011 wonten gedung Sabha Graha Pramana saged lumampah kanti lancar nir ing sambekolo soho pikantuk ridhonipun Alloh SWT. Sak lajengipun Bpk. Drs. H. Haryadi sekalian mawantu wantu panyuwunipun mugi kasecakno anggenipun lelenggahan kaliyan ngrantos adicoro saklajengipun kanthi mardikaning penggalih
Kados kirang Wicaksono menawi sambutan meniko kawulo panjang lebaraken, ngemuti acara taksih kathah, pramila tanggap wacana punika kula cekapaken semanten. Mekaten menggah atur saking shohibul Bait mbok menawi kathah galap gangsuling atur ingkang kirang nuju prono panjenenganipun Bapak Drs. H. Haryadi sekalian nyuwun sih lumunturing samodro pangaksami, dene Kulo pribadi mbok bilih anggen kulo matur kathah sisiping ukoro sembiring atur soho solah bowo ingkang kirang mranani dumateng penggalih poro rawuh sami, kawulo namung saged matur SEDAH SITI BOGA BINUNTEL RONING KLOPO Apuranto Menawi lepat kawulo. Pungkasaning Atur Bilahit Taufik Wal Hidayah Wal Ridho Wal Inayah,
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Wekdal saklajengipun kulo konduraken dumateng Kadang Wredho Pranoto adicoro. Nuwun

1 komentar:

Anonim mengatakan...

jelek :ai: :aj:

Posting Komentar

Berikan Kritik dan Saran Anda